Piwulang Ngatekake Marang Lingkungan Lumantar Tembang Macapat
Menehi pitutur utawa mulang marang para putra utawa marang pepadha ora kudu lumantar tuturan, utawa nasehat kang diomongake. Piwulang bakal bisa nandhes ing pamikirane wong kang diwulang yen piwulang iku bisa dirungokake kanthi swara kang endah lan bisa ngresep neng manah, salah sawijine sarana kanggo paweh pitutur bisa diwenehake lumantar tembang.
Tembang, ana manekawarna jinise, ana tembang gedhe, tembang tengahan, tembang cilik (Sekar Alit). Ing jaman samangke, keh piwulangan ing sekolah formal kang nggunakake tembang kususe tembang cilik(Sekar Alit).
Tembang Cilik (Sekar Alit), yaiku salah sawijining kasusastran jawa kang awujud puisi, tembang cilik iku uga sinebut tembang macapat. Tembang macapat sakiki wus dadi piwulangan ing sadhengah pawiyatan, utamane pawiyatan kang ana ing wewengkon Jawa utamane Wewengkong Jawa sisih Tengah , Wetan lan DIY.
“ Mangka kanthining tumuwuh,
Salamimung awas eling,
Eling lukitaning alam,
Dadya wiryaning dumadi,
Supadi nir ing sangsaya,
Yeku pangreksaning urip.”
Ing dhuwur iku salah sawijining cakepan tembang saka tembang kinanthi, tembang iku salah sawijining wujud piwulagan ing sajroning tembang, dene piwulangan saka tembang ing dhuwur iku nduweni pangajab supaya sing maca tembang iku padha gelem nyinauni marang kahanan alam lan bisa njaga marang kelestarian alam.
Yen di tonton saka gancarane tembang, bisa dingerteni yen tembang kinanthi iku ngajarke supaya ngatekake marang lingkungan. “mangka kang dadi sanguine urip iku kudu tansah eling marang pratandha kang diwenehake dening alam kang bisa digunakake kanggo nambahi kekuataning urip supaya bisa adoh saka kasangsaran, ya kang mangkono iku ngrumat utawa ngopeni marang alam”.
Tembang kianthi sapada cuplikan saka serat Wedhatama iku paweh piwulang tumarpe manungsa supaya pada bisa nonton lan mengerteni marang pratandha alam lan supaya bisa njaga, ngrumat, lan nglestarekake alam. Saka piwulangan iku bisa kanggo nggugah para panyarta dhidhik supaya bisa melu njaga lingkungan, dene panemu kang luwih adoh bisaa piwulangan peduli marang lingkungan iku bisa uga disosialisasi ing warga sakupenge sekolah lumantar tembang kang wus digawe dening para panyarta dhidhik.
Saperangan tuladha asil karya panyarta dhidhik kang bisa kanggo sarana pangajak marang warga supaya peduli marang lingkungan.
Kinanthi : “ Embarkasi Musim Kaji”
Ing mbarkasi saben tahun
Mangsane wong kang munggah kaji
Kairing dening pengantar
Ndadekne akeh polusi
Uwuh plastik mubal mubal
Ayo padha diresiki
Tembang ing ndhuwur bisa kanggo ngajak marang warga yen ditembangke supaya bisa dirungokake supaya bisa diresepi lan bisa ditindakake dening sapa kang wus ngrungoakake. Awit yen pangajak iku dikantheni nembang, bisa luwih gampang ngresep neng ati.
Muga kanthi tetembangan mligine tembang macapat, kula lan panjenengan bisa bebarengan nyinaone marang kahanan, nyinau marang piwulanganing urip kanthi gampang.
-------------------------- N U W U N------------------------------
Dening : Sri Suryanti Fitri Shoehah, S. S.